Sawijining dina Sinuhun Jati wis gilig manahe arep tindak ning negara Mesir perlu sowan ibue. Tetilike Sinuhun Jati mana iku ana rong maksud. Kang dhingin, piyambeke arep ngaturi ibue mugi kersa jumeneng ning Cerbon. Kapindo, Sinuhun Jati arep asrah tahta ning rayie kang aran Syarif Nurullah.
Rong maksud mau pancen wis dadi karep lan pengangen-angen piyambeke, kang tansah dadi krentege kalbu. Piyambeke luwih mrenah urip ning tanah leluhure, tinimbang jumeneng nata ning negara Mesir anggenteni kalungguhan ramae.
Ning Cerbon piyambeke bisa damel karya agung, beberes lan mranatani masarakate kang tembe bae manjing agama Islam. Ning Mesir mung trima dadi raja, olih kesenengan urip lair tanpa kelawan makarya kanggo dunya akerat. Mengkonon kersae Sinuhun Jati.
Wis dadi kersae Allah SWT, pekarepan mau den trima kelawan becik dening ingkang ibu lan rayie. Nuli Syarif Nurullah jumeneng nata nggentos kalungguhan ingkang rama Syarif Abdullah Ibnu Maulana Sultan Makhmud Al Misri. Dene ingkang ibu, Hajjah Syarifah Mudaim kersa kaboyong, nuli jumeneng ning Giri Nur Saptarengga nganti tutup yuswa, katelah Nyi Mas Ratu Panatagama Pasambangan.
Semono uga Sinuhun nampi jejuluk akeh, antarae dadi Panetep Panatagama Islam sinarat Sunda. Jumeneng pimpinan Wali Sanga lan Wali Kutubing Jaman ning negara masyrik.
(Nukilan saking “Carub Kandha Carang Seket” Crita ke 36.672 Sudibjo ZH T.D. Sudjana, 1980)
Filed under: Cirebon dan Sekitarnya


